“pangandikan” ing tembang dolanan
November 27, 2008
monggo dipun wos satunggaling tembang dolanan puniko
“…..
eee dayohe teko
eee gelarno kloso
eee klasane bedhah
eee tambalno jadah
eee jadahe mambu
eee pakakno asu
eee asune mati
eee kelekno kali
eee kaline banjir
eee kelekno pinggir
…..”
ing saklebetipun wonten satunggaling ilmu ingkang waget kito pendhet intinipun.
biasanipun kito ngendiko warni-warni sahingga ingkang dipun ngendikaaken malah mboten trep kaliyan asalipun. ing tembang puniko, dipun gambaraken sangking ngendiko dayoh, malah ngalntur dumugi segawon lan kali.
mugi kito sedoyo klebeet ingkang waget njaga pangandikan.
kanca vs rencang
April 19, 2008
sampun kabiasan ingkang salah kaprah, kula lan panjenengan nyebat rencang dumateng kanca kula lan panjenengan. kadosipun sami kemawon kekalihipun malah rencang katon langkung sopan tinimbang kanca.
sajatosipun, mboten sami. kanca menika ngih kanca kita sedayanipun. utawi ingkang basa Indonesianipun “teman”, “sahabat”, lsp. ananging, rencang menika artosipun rewang utawi ing basa Indonesianipun “pembantu”, batur, lsp.
monggo dipun priksani menapa pocapan kita sampun trep kaliyan basa jawi ingkang bener?
kawula nyuwun samudra pangaksami mbokbilih blog menika dereng waget paring conto basa jawi ingkang sae ing “posting”-ipun