game basa jawi
June 10, 2008
sakmenika, ponsel saha game sampun mboten dados ingkang mewah malih. lan kanthi ngelmu babagan pemrograman, game saha ponsel sakmenika waget dipun set up basa jawi. kedahipun kita bingah kepareng babagan menika. ananging, wonten ingkang nguwatosaken amargi basa ingkang dipun ginaaken.
basa ingkan dipun ginaaken wonten ing game saha ponsel basa jawi punika basa jawi ngoko lan ngoko kasar. alasanipun langkung kathah ingkang remen. saumpami kita raosaken, kathah muda jawi ingkang mboten waget ngginaaken basa jawi krama lan krama inggil (kalebet kawula), lan dipuntambahi dening game lan ponsel basa jawi punika, samangke waget langkung kathah ingkang mboten waget basa jawi krama lan krama inggil kalebet para bocah ingkang taksih alit saha sedaya muda.
mugi kita waget nglestantunaken basa jawi ingkang adi luhung punika.
cuplikan film “Sang Murabbi”
June 9, 2008
kala sawetawis wekdal kepengker, kula ningali cuplikanipun film “Sang Murabbi”, menurut kula, isinipun sae. wonten mriki, kawula mbten badhe matur babagan film punika, ananging salah satunggalipun pocapan wonten ing satunggaling adegan.
satunggalipn pocapan ingkang sae ananging dipun sewngaken dumateng para sederek kita wonten ing senayan. “bukan memikirkan negara, tapi umat”. kathah sederek kita ingkang ngucapaken ananging namung kagem pados suanten wonten ing pemilu saha pilkada. sahingga kalimat punika namung kalimat ingkang sae ananging awon ingkang ngucap.
mugi, kanthi film punika, pocapan ingkang sae punika dados pocapan ingkang saestu sae.
banjir……….
April 21, 2008
mbokbilih kita sedaya ngengeti dek jaman SD rumiyin, kita asring ngarang babagan “bencana alam”, mesthi kita sedaya mendhet judul babagan banjir. banjir menika dipun sebabaken dening wono (hutan) ingkang gundul, kali ingkang kebak sampah, lsp. saking banjir, samangke dipun terasaken kaliyan lemah longsor.
ananging, mbokbilih kita mrikasi kawontenan ingkang sakmenika, sedaya babagan ingkang kita serat wonten ing karangan rumiyin kadadosan saestu.
monggo kita sesarengan nyengkuyung supados sedaya ingkang kita serat babagan menika mboten kadadosan sedayanipun.