monggo dipun wos satunggaling tembang dolanan puniko

“…..

eee dayohe teko

eee gelarno kloso

eee klasane bedhah

eee tambalno jadah

eee jadahe mambu

eee pakakno asu

eee asune mati

eee kelekno kali

eee kaline banjir

eee kelekno pinggir

…..”

ing saklebetipun wonten satunggaling ilmu ingkang waget kito pendhet intinipun.

biasanipun kito ngendiko warni-warni sahingga ingkang dipun ngendikaaken malah mboten trep kaliyan asalipun. ing tembang puniko, dipun gambaraken sangking ngendiko  dayoh, malah ngalntur dumugi segawon lan kali.

mugi kito sedoyo klebeet ingkang waget njaga pangandikan.

game basa jawi

June 10, 2008

sakmenika, ponsel saha game sampun mboten dados ingkang mewah malih. lan kanthi ngelmu babagan pemrograman, game saha ponsel sakmenika waget dipun set up basa jawi. kedahipun kita bingah kepareng babagan menika. ananging, wonten ingkang nguwatosaken amargi basa ingkang dipun ginaaken.

basa ingkan dipun ginaaken wonten ing game saha ponsel basa jawi punika basa jawi ngoko lan ngoko kasar. alasanipun langkung kathah ingkang remen. saumpami kita raosaken, kathah muda jawi ingkang mboten waget ngginaaken basa jawi krama lan krama inggil (kalebet kawula), lan dipuntambahi dening game lan ponsel basa jawi punika, samangke waget langkung kathah ingkang mboten waget basa jawi krama lan krama inggil kalebet para bocah ingkang taksih alit saha sedaya muda.

mugi kita waget nglestantunaken basa jawi ingkang adi luhung punika.

kala sawetawis wekdal kepengker, kula ningali cuplikanipun film “Sang Murabbi”, menurut kula, isinipun sae. wonten mriki, kawula mbten badhe matur babagan film punika, ananging salah satunggalipun pocapan wonten ing satunggaling adegan.

satunggalipn pocapan ingkang sae ananging dipun sewngaken dumateng para sederek kita wonten ing senayan. “bukan memikirkan negara, tapi umat”. kathah sederek kita ingkang ngucapaken ananging namung kagem pados suanten wonten ing pemilu saha pilkada. sahingga kalimat punika namung kalimat ingkang sae ananging awon ingkang ngucap.

mugi, kanthi film punika, pocapan ingkang sae punika dados pocapan ingkang saestu sae.

kuliner

May 5, 2008

mboten angirangi kamardikan kadang kula sedaya anggen “browsing” kawula namung badhe ngemutaken dening salah satunggaling masakan ingkang sangking rumiyin dumigi sakmenika taksih kathah ingkang remen, inggih punika “GORENGAN”

sangking tiyang sepuh dumugi lare alit, sami seneng kaliyan gorengan ingkang awujud bakwan, mendoan, tahu susur, lsp. sampun kathah ingkang neliti babagan gorengan khususipun babagan lisah kagem nggoreng kaliyan bumbu masak (vetsin). ananging tetep kathah lan mboten angirangi anggenipunremen kaliyan gorengan.

mugi-mugi blog punika mboten nambahi luwe panjenegan sami.

banjir……….

April 21, 2008

mbokbilih kita sedaya ngengeti dek jaman SD rumiyin, kita asring ngarang babagan “bencana alam”, mesthi kita sedaya mendhet judul babagan banjir. banjir menika dipun sebabaken dening wono (hutan) ingkang gundul, kali ingkang kebak sampah, lsp. saking banjir, samangke dipun terasaken kaliyan lemah longsor.

ananging, mbokbilih kita mrikasi kawontenan ingkang sakmenika, sedaya babagan ingkang kita serat wonten ing karangan rumiyin kadadosan saestu.

monggo kita sesarengan nyengkuyung supados sedaya ingkang kita serat babagan menika mboten kadadosan sedayanipun.

kanca vs rencang

April 19, 2008

sampun kabiasan ingkang salah kaprah, kula lan panjenengan nyebat rencang dumateng kanca kula lan panjenengan. kadosipun sami kemawon kekalihipun malah rencang katon langkung sopan tinimbang kanca.

sajatosipun, mboten sami. kanca menika ngih kanca kita sedayanipun. utawi ingkang basa Indonesianipun “teman”, “sahabat”, lsp. ananging, rencang menika artosipun rewang utawi ing basa Indonesianipun “pembantu”, batur, lsp.

monggo dipun priksani menapa pocapan kita sampun trep kaliyan basa jawi ingkang bener?

kawula nyuwun samudra pangaksami mbokbilih blog menika dereng waget paring conto basa jawi ingkang sae ing “posting”-ipun

basa jawi

April 1, 2008

sangking ewonan basa ing tlatah nusantara, basa jawi kalebet salah satunggalipun. saking jawi ingkang paling kilen dumugi paling wetan, basa jawi warni-warni rupanipun. wonten ingkang alus ugi ingkang kasar. mboten namung tlatah jawi ingkang ngginaaken basa jawi, wonten ing sumatera, kalimantan, lan saksanesipun, kathah ingkang ngginaaken. malah wonten ing tlatah Suriname, basa jawi taksih dipun ginaaken.

monggo kita uri-uri ingkang kito gadhahi sasatunggalipun basa jawi.